NGARANG
CERKAK
Crita
cekak mujudake crita gancaran kang duwe titikan mangkene:
a.
Isine ngandharake sawijining
lelakon utawa kadadeyan
b.
Ana paraga utamane lan paraga
tambahan
c.
Nggambarake kedadeyan kang ana
ing masarakat
d.
Ngemot pitutur, piwulang utawa
pasemon
Nulis
utawa ngarang crita cekak kuwi ora nganggo pathokan lan
paugeran
sing gumathok. Sing baku ana critane lan paragane.
Dene
susunane crita cekak (cerkak) kaperang dadi mangkene:
a.
Tetepungan
Nggambarake swasana utawa
kahanan paraga
b.
Masalah
Nggambarake masalah sing
diadhepi dening paraga
c.
Cara ngluwari masalah
Nggambarake kepriye carane
paraga uwal saka masalah
d.
Panutup utawa pungkasaning crita
Nggambarake pungkasane
crita
Dene
bebakalaning crita cekak yaiku:
a.
Tema
Yaiku sing dadi underane
crita, upamane: kadurjanan, pendidikan, kabudayan, kasarasan, lsp.
b.
Paraga
Yaiku paraga/pelaku sing
melu mbangun crita. Kaperang ana paraga pokok (tokoh utama) lan paraga Bantu
(tokoh pembantu)
c.
Watak
Gegambarane wewatekane
tokoh, wateke becik (protagonist) apa wewatekane ala lan tansah ngreridhu
paraga pokok (antagonis)
d.
Setting
Yaiku papan kedadeyane crita lan wektune
e.
Alur/plot
Yaiku bakune crita wiwit saka lekas nganti
pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar