Ngadeg jejeg nyungggi klapa
Ora kaya ewuhe nyunggi duren
Ora bisa ngadeg bukane apa-apa
Ning merga lemes saking olehe keluwen
Sasi pasa padha taraweh
Bakda isya iku wktune
Ati krasa karo kowe
Nadyan during ana nyatane
Blimbing kuning manis rasane
Dienggo rujak sambel trasi
Bocah kuning ayu rupane
Mlongo dongak mambu wangi
Kembang jambu arane karuk
Tiba lemah kena watu
Yen nyawang aku dadi mathuk
Karo sliramu ing jero atiku
Numpak sepur nyang banyumas
Nggawa tas karo sepatu
Apa awakmu wis lalu to mas
Yen aku tresna sliramu
Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku
Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel
Ngandong opo mbecak
Mlaku timik timik
Bekicot nempel katok
Nyocot thok
Numpak sedhan nganggo blangkon
Angkutan umum dadi becax
Mbiyen premium saiki pertamax
Mangan bakwan anget-anget
Dipangan karo lombok abang
Awan-awan kok adus kringet
Luwih penak yen di dus i kembang
Kembang mlati kembang kenongo
Ojo ganti, mengko gelo
Dondong opo salak
Duku cilik cilik
Tuku gabah ning Semarang
Gabah garing sekepelan
Ra Masalah wedhok lanang
Sing penting duwe bolongan
wong luwe ora kongang ngadeg
Wis suwe ora mangan gudheg
Wani mbanting oleh dedeg
Ayo mancing golek dheleg
Jare Durno, bojone jaran
Dede kulo, anakke setan
Awan-awan mangan gethuk
Bubar mangan kok ngantuk
Saka balongan nganti tekan sumut
Mung saderma golek kuthuk
Bolongan apa tah sing isa ngemut
Ya kuwi sing di arani tutuk
Nyolong waja tekan balongan
Olehe ngedol adoh tekan SUMUT
Bolongan aja sembarang bolongan
Bolongan kudu sing iso ngemut
Ono Teklek kejegur kalen…
Tinimbang nggolek mendingan balen…
Pit Abang
Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang
Aku ya
Bude teko nggowo bolu…
Ngakune joko anake telu
Mangan jadah, enteke telu
Najan simbah, adhi kelasmu
Saben dina sangu rantangan
Isine rantang katon methuthuk
Aku pancen bubar mangan
Ning ora mangan gethuk
Nyangking Ember Kiwo-Tengen
Lungguh Jejer Tombo Kangen
Esuk Nyuling Sore Nyuling, Sulinge Arek Surabaya
Esuk eling Sore eling, sing dieling ra rumangsa
Wit Pakel kesrempet bis kota
Najan angel tetep usaha
Jajah deso milangkori
Gadjahbengko cen ngangeni
Tidak ada komentar:
Posting Komentar