Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Wutahing ludirmu
Nyiram
ibu pertiwi
Nadyan
sang ibu
Kudu
muwun sedhih
Karajang-rajang
manahe
Karujit-rujit
rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya
Gusti paring nugraha
Semana
gedhene bektimu
Jiwa
raga, bandha donya
Tanpa
sisa
Amung
siji pangajabmu
Merdika
Segara Aru
(Hisyam Z)
Bener,
pener, yekti
Sliramu
dadi seksi
Seksi
pahlawan sejati
Pahlawan
mulih aran awit bekti
Awit
mangku jejibahan
Tugas
luhur, jujur ing palagan
Ngemban
amanat Trikora ayahan
Segara
Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu
madu
Maduning
bangsa satuhu
Kang Asma
Yos Sudarso iku
Korban
jiwa raga ing Segara Aru
Ludira
kang wekasan
Kanggo
nebus Irian
Yos
Sudarso gugur kalayan
Asmanya
misuwur ing bebrayan
Sliramu
Aru
Seksi
lugu
Seksi bisu
Satuhu
baku
Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka
kadohan katon gagah
Asep
putih ndedel ing awiyat
Tilas
dalan lahar katon cetha
Kena
sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama
kowe bisa crita
Kabeh
kadadean ing tanah Jawa
Wiwit
jaman Mataram Kuna
Nganti
madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu
anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit
nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman
mardika jaman Soekarno
Nganti
jaman Soeharto
Jaman
Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi
dadi saksi
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar
kembang mlathi
Ing Taman
Makam Pahlawan
Kusuma
Bangsa kang sejati
Luhku
tumetes... tes... netesi bumi
Aku
rumangsa dosa
Durung
bisa melu labuh negara
Amung
sekar mlathi iki
Tandha
setya lan janji
Bakal
melu napak suci
Labuh
nagri alelandhesan ati suci
Dadi
pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)
Latu
kuwi, tansah murub
Ora
nggubris kiwa tengene
Nadyan
digrujug tirta
Nadyan
maruta padha teka
Nanging
latu kuwi ora surut
Latu
kuwi, tansah murub
Kaya latu
kang ana jero ati
Angel
dipateni lan angel diadhemake
Latu
kuwi, tansah murub
Ing
mrapen dununge
Ninggal
sejarah
Kanggo
anak putu
Kitir
(Sumono Sandy Asmon)
Kitir iki
Isi
panantangku marang wengi
Sing
kebacut anggone nguja sepi
Dolanan
swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud
pangundhamanaku marang awang-awang
Sing
kebacut brangasan
Ngrentengi
lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana
gugatku marang isen-isening jagad
Sing
pijer royokan brekat
Tan keguh
njaluk ruwat
Koran
(Harum Sunya Iswara)
Taktunggu
tekamu
Saben
dina ing omahku
Kabar
kang daktunggu
Saka
awakmu
Nambahi
wawasanku
Mosak-masike
donya
Maju
mundure negara
Minangka
warta
Koran
minangka alat komunikasi
Kang kudu
diwerdi
Mula ora
ketinggalan informasi
Wutah
Getihku
(Mahardono Wuryantoro)
Gumelar
jembar bumi asri
Sumunar
sumringah sunare bagaskara
Padhang
sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi
pusaka wus kawentar
Ombak-ombak
samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah
getihku daktresnani
Kawulamu....
Guyub
rukun anambut kardi
Jeroning
swasana tentrem lan mardika
Gilig ing
tekad manunggal
Cumithak
jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku
lila....
Korban
jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan
awak ajur dadi sawur
Lan
getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet
raharjaning nagara
Lumantar
iki....
Isining
atiku ginurit
Prasetyaku
thukul saka ati kang tulus
Njaga
langgenging kamardikan
Donga
pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku
DALAN OMBAK
Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
Sidoarjo, 2007
SEDYAKU
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
CRITA SAKA MANCA
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
BABAD WEDHI PESISIR
Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar