gugur


Rabu, 11 Desember 2013

Asrhabratha

ASTHABRATA

ASTHABRATA kaserat ing Serat Rama Jarwa. Nalika semanten, awit asor ing jurit, Rahwana raja Alengka gugur ing Palagan. Raden Wibisana kaangkat dados Raja Alengka. Ing Pahargyan Rama Wijaya paring pitutur supados Raden Wibisana dados raja ingkang wicaksana, saged dados pangayoming kawula. Pituturing Rama Wijaya ing tembang macapat pangkur, kagambaraken sifating Pangembating Praja kados sifat Bathara Indra, Yamadipati, Surya, Bayu, Kuwera, Brama, Candra, lan Baruna. 
  1. Bathara Indra, Dewaning Jawah. Tansah paring  menapa ingkang dipun betahaken ing alam ndonya, paring kasejahteraan ugi paring jawah ing bumi.
  2. Bathara Yamadipati, Dewaning Panjabut Nyawa ingkang tansah mbasmi sedaya tindak tanduk awon.
  3. Bathara Surya, Dewaninig Surya (Srengenge). Kagungan sifatnya alon, mboten grusa-grusu, sabar, welas asih lan wicaksana.
  4. Bathara Candra, Dewaning kekaleman ingkang tansah tumindak lembut, sumeh lan sabar dumateng sinten kemawon
  5. Bathara Bayu, Dewaning Angin. Ingkang saged mlebet sedaya panggenan. Sedaya kesaenan  saha ingkang piawon saged dipun mangertosi. Saged mangertos sedaya kedadosan lan ugi saged paring katentreman.
  6. Bathara Kuwera, Dewa Kasugihan. Sifatipun ulet makarya angumpulaken bandha donya kangge katentreman lan kacekapan dhumateng sedaya kawula.
  7. Bathara Baruna, Dewaning Samodra. Sifating Samodra saged ngempalaken ilineng toya nanging mboten luber. Saged nampi sedaya kasaenan lan piawon, tansah sabar, kathahing pangetosan, kadosdene jembaripun samodra.
  8. Bathara Brama, Dewaning Geni (Latu). Sifat Geni ingkang saged  mbakar, damel risak menapa kemawon, nanging saged damel pepadhang ing dalu. Bathara Brama saged mbasmi musuh lan sedaya piawon nanging ugi damel pepadhang ingkang nembe pikantuk pacoban.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar