Cangkriman
Cangkriman
yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude.
1.
Wujude cangkriman :
a.
Cangkriman kang awujud
tembung wancahan
Tuladha :
Wiwawite, lesbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge
Segara mbeldhes = sega pera,
sambele pedhes
Nituk lersure = nini
ngantuk diseler susure
b.
Cangkriman pepindhan utawa
irib-iribaning barang
Tuladha :
Cangkriman pepindhan utawa
irib-iribaning barang
Sega sekepel dirubung tinggi (salak)
Pitik wali saba kebon (nanas)
Embokne wuda, anake tapihan (empring,
bung)
c.
Cangkriman ngemu surasa
blenderan utawa plesetan
Wong wudunen sugih pari (paringisan)
Kecap sing paling enak cap ratu (ratuku)
Bakule krambil dikepruki (sing dikepruki krambile)
d.
Cangkriman kang awujud
tembang ( Y. Suwarno, 1998:201)
Bapak pocung dudu watu dudu gunung,
sabamu mring sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung mutah guwaya.(jun/klenthing)
e.
Cangkriman ukara
Tuladha :
Wit adhikih adhakah wohe = wit semangka
Wit adhakah adhikih wohe = wit ringin
Sing cedhek dikedhuki sing dhuwur diurugi = timbangan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar