GEGURITAN
Geguritan
utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1. Tulisan
ingkang awujud tatahan
2. Kidung
utawi tembang
Nggurit
tegesipun :
1. Ngarang
tembang utawi kidung, utawi rerepan
2. Nglakokaken
tembang utawi kidung
Miturut
kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang
pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun
boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika
iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal). Wonten malih
ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking tembung gerita. Tembung
gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair geguritan jawi
sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
JINISIPUN GEGURITAN
Geguritan
jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan
menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang,
kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi
kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun
geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a. Cacahipun gatra
mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b. Cacah
wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c. Dong-ding utawi guru
lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge
purwakanti guru swara.
d. Sangajengipun
ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit”nanging
mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun
“sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.
Tuladha:
Sun
gegurit,
Wateke
wong kampung jati
Bekti
marang yayah wibi
Setya
marang sakeh janji
2. Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrag
anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge
aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritangagrag anyar mboten
kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun
gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan,
pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged
dipunwastani puisi Jawa bebas.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar