TEMBANG
DOLANAN
Tembang
dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan,
sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan,
bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran,
bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. [1]
Kadhangkala tembang dolanan uga
ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang
kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair
tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
- Cublak-cublak suweng
- Gajah gajah
- Gambang
Suling
- Gundhul
Pacul
- Jamuran
- Jaranan
- Kidang
Talun
- Kupu Kuwi
- Lir Ilir
- Menthok
Menthok
- Padhang
Bulan
- Pitik
Tukung
- Suwe Ora
Jamu
Cublak-cublak
suweng iku sawijining tembang
dolanan, sing biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan bebarengan
kanca-kancané.
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé
Gajah-gajah kuwi
salah sawijining tembang dolanan sing kerep ditembangaké déning
bocah-bocah cilik nalika utawa sinambi dolanan. Surasa tembang Gajah gajah kaya
tinulis ing ngisor iki:
Gajah, gajah, mréné tak
kandhani jah
mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung mlakumu mégal mègol
Gundhul
Pacul amujudaké tembang bocah-bocah kang populèr ing Jawa Tengah.
Tembang iki kalebu tembang lelucon. Surasané tembang kasebut, koyo kang tinulis
ing ngisor iki:
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Lirik tembang Gambang
Suling:
Gambang suling, ngumandhang swarané
thulat thulit, kepénak uniné
uuuuniné mung
nreyuhaké ba- reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangané
Tèks tembang Menthog
Menthog:
Menthok, menthok, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak ngorok, ora nyambut gawé
menthok, menthok ... mung lakukumu
megal megol gawé guyu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar