gugur


Selasa, 07 Januari 2014

Paribasan

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone,
mawa tembung entar lan ora ngemu surasa pepindhan. Tuldha:
·         Adhang adhang tetese embun, tegesé njagakke barang mung trima sak olèh-olèhé.
·         Adigang, adigung, adiguna, tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé. Adigang iku tegesé: kakuwatané. Adigung iku tegesé: gedhéné. Adiguna iku tegesé: kapinterané.
·         Agama ageming aji, tegesé agama dadi panuntun marang tingkah laku lan bisa ngatonaké sapa sejatining dhiri.
·         Aja dumeh, tegesé sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dupèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dupèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dupèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabèh menungsa utawa barang sing urip liyanè padha waé.
·         Aja golek wah, mengko dadi owah, tegesé aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman. Kabèh mau bisa njalari édan dhéwé.
·         Aji godhong garing utawa aji godhong aking, tegesé wis ora ana ajiné babar pisan. Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasané banjur ora diajèni déning masarakat saubengé. Saking ora ana ajiné prasasat aji godhong garing.
·         Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, tegesé aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé. Banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo.
·         Alon-alon waton kelakon, tegesé wong iku ora usah kesusu. Yèn nglakokaké barang iku bisa alon-alon waé, angger kelakon. Yèn kesusu malah ora tekan ing panggonan sing dituju.
·         Ambeg parama arta, tegesé ndhisikaké tugas kuwajiban sing utama. Dadi nduwèni rasa tanggung jawab sing dhuwur.
·         Ana catur mungkur, tegesé ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik. Ing ukara iki, tembung catur tegesé omongan utawapirembugan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar