Pawarta
Warta iku
duweni informasi kang migunani tumrap kang maca utawa kang ngrungokake. mula
iku, anggone maca sawijining warta kudu kanthi patitis, apa maneh yen macakake
warta kanggo wong liya, kudu gatekake kedhal, lagu,
lan pangucapan kang trep. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrongokake
anggone maca aja banter- banter lan nganggo sikap maca kang bener. Yen mdelok
acara warta nengtelevisi supaya ngerti kepriye maca warta kang
apik iku. Lungguhe kanthi jejeg lan pandengane mripat ana ing ngarep. Suarane
kudu cetha lan bisa dimangerteni dening pemeringe.
Maca warta iku penting kanggone
masyarakat jaman saiki. Kanthi maca warta, kabeh informasi bisa dimangerteni.
Warta saka radio, televisi, lan ariwarti utawa kalawarti umume
ngandharake babagan maneka warna. Ana pemerintahan, polotik, ekonomi, seni
budhaya, lan liyane- liyane. Mula iku, kanthi maca warta masyarakat bisa
mangerteni mlakune jaman, kaya ta rega BBM kang
mundhak, penerbitan lalu lintas dening pemerintah, lan sapanunggalane. Macakake
warta kanggo wong liya kudu gatekake kedal, lagu lan pangucapan kang cetha,
supaya warta iku bisa katrima marang kang rungokake. Amrih becike bisa gatekake
anggone penyiar televisi kang lagi ngandharake wartane. Kepriye kedal, lagu lan
pangucapane uga gesture utawa
tindak tanduke awake.
Penyiar televisi iku anggone maca warta pandelengane tumuju neng ngarep, dene
lungguhe utawa anggone ngadeg jejeg lan pamacane bener.
Contoh Pawarta:
Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti
Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.
(Anjar Ardityo)

Perajin Tenun Stagen Betah Bantuwan Pemkab
Klaten, Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Kedungampel, Cawas, Klaten, mrihatosaken, jalaran ngantos samangke kirang dipun gatosaken dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para perajin namung saged pasrah dhateng kawontenan.
Bab punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakaken kekirangan pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp 5.000,00 samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp 4.000,00 ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged kangge ndamel stagen cacah sekawan, satemah bebathen para perajin mepet.
Nyumerepi kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun, Tumirin rumaos prihatin dhateng sesanggan gesang para perajin stagen lan selendang ing wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate pikantuk pembinaan punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang kawogan. Pangajabipun, pemerintah sageda gatosaken para perajin, supados gesangipun saged murwad.
(Purwanto)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar