gugur


Selasa, 03 Juni 2014

Sesorah




Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Alhamdulillahi robbil alamin wabihi nasta’inu ala umuriddunya waddin, wa ala alihi wa shohbihi ajmain.
Ingkang kinurmatan, Bapak Kepala MAN Babat, bapak Drs. Abd. Hakim
Bapak Ibu Guru saha staff tata usaha ingkang kula hormati ugi,
sarta kanca-kanca sedaya ingkang kula tresnani.
Puji syukur sumangga kula panjenengan sedaya unjukaken dhumateng Gusti Allah Swt. Ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan saha hidayahipun, katitik ing wekdal punika kula panjenengan sedaya saged kempal ing adicara menika.
Sholawat saha salam, mugi konjuk dhumateng penjenenganipun Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kula panjenengan sedaya antu-antu syafa’atipun benjing wonten ing yaumul qiyamah.
Bapak/ibu guru ingkang kula hormati saha murid-murid sedaya ingkang kula tresnani. Wonten ngriki kula badhe ngandaraken babagan Pengetan Dinten Pendhidhikan.
Dinten Pendhihdikan Nasional menika dinten kagem mengeti jasanipun pahlawan pendhidhik kula panjenengan sedaya inggih menika Ki Hajar Dewantara. Kanthi semboyan “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa” ki Hajar Dewantara, saged ngupayakaken pendhidhikan kagem masarakat Indonesia supados Indonesia saged nggadhahi masarakat ingkang pinter.

Ing zaman samenika pendhidhikan sampun diraosaken kaliyan sedaya tiyang, nanging inggih taksih wonten tiyang ingkang nganggep pendhidhikan menika awis sanget.
Nanging sejatosipun pendhidhikan menika kedhah dipungadhahi kaliyan sedaya menungsa ing alam donya menika. Kanthi pendhidhikan kula penjenengan sedaya saged dados tiyang ingkang pinter lan dikurmati kaliyan tiyang lintu.

Mula ing dinten menika lan salajengipun, kanthi pendhidhikan  ingkang wonten ing jiwa kula penjenengan sedaya sumangga kula panjenengan sedaya dadosaken bangsa Indonesia menika dados bangsa ingkang rakyatipun gadhahi moral ingkang sae. Lan kagem sedaya murid-murid kedhah sinau, supados saged dados tiyang ingkang pinter, nggadhahi ilmu ingkang kathah ugi dados panerus bangsa.
Para rawuh ingkang kula hormati, mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten lepatipun kula nyuwun agunging pangatsami.

Wassalamualaikum wr.wb.