gugur


Selasa, 07 Januari 2014

Tembang Dolanan

TEMBANG DOLANAN

Tembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. [1]
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, sing biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan bebarengan kanca-kancané.
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé
Gajah-gajah kuwi salah sawijining tembang dolanan sing kerep ditembangaké déning bocah-bocah cilik nalika utawa sinambi dolanan. Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:
Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung mlakumu mégal mègol
Gundhul Pacul amujudaké tembang bocah-bocah kang populèr ing Jawa Tengah. Tembang iki kalebu tembang lelucon. Surasané tembang kasebut, koyo kang tinulis ing ngisor iki:
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Lirik tembang Gambang Suling:
Gambang suling, ngumandhang swarané
thulat thulit, kepénak uniné
uuuuniné mung
nreyuhaké ba- reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangané
Tèks tembang Menthog Menthog:
Menthok, menthok, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak ngorok, ora nyambut gawé

menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawé guyu

Paribasan

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone,
mawa tembung entar lan ora ngemu surasa pepindhan. Tuldha:
·         Adhang adhang tetese embun, tegesé njagakke barang mung trima sak olèh-olèhé.
·         Adigang, adigung, adiguna, tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé. Adigang iku tegesé: kakuwatané. Adigung iku tegesé: gedhéné. Adiguna iku tegesé: kapinterané.
·         Agama ageming aji, tegesé agama dadi panuntun marang tingkah laku lan bisa ngatonaké sapa sejatining dhiri.
·         Aja dumeh, tegesé sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dupèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dupèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dupèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabèh menungsa utawa barang sing urip liyanè padha waé.
·         Aja golek wah, mengko dadi owah, tegesé aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman. Kabèh mau bisa njalari édan dhéwé.
·         Aji godhong garing utawa aji godhong aking, tegesé wis ora ana ajiné babar pisan. Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasané banjur ora diajèni déning masarakat saubengé. Saking ora ana ajiné prasasat aji godhong garing.
·         Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, tegesé aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé. Banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo.
·         Alon-alon waton kelakon, tegesé wong iku ora usah kesusu. Yèn nglakokaké barang iku bisa alon-alon waé, angger kelakon. Yèn kesusu malah ora tekan ing panggonan sing dituju.
·         Ambeg parama arta, tegesé ndhisikaké tugas kuwajiban sing utama. Dadi nduwèni rasa tanggung jawab sing dhuwur.
·         Ana catur mungkur, tegesé ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik. Ing ukara iki, tembung catur tegesé omongan utawapirembugan.

Tata Kramane Wong Mlaku

TATA KRAMANE WONG MLAKU

1.     Mlaku ora kena sinambi mangan utawa ngombe.
2.    Ora kena sinambi gojegan, luwih-luwih ana ing dalan gedhe.
3.    Kudu tansah ngati-ati, ngawasake ngarep lan ngerti kahanan kiwa lan tengen.
4.    Yen mlaku bareng wong tuwa becike ana mburine.
5.    Umpama ndhisiki tindake wong tuwa becike uluk-uluk : “Nyuwun pangapunten,
 kula ngrumiyini.”
6.    Manawa liwat ing sangarepe wong kang lagi lenggahan becike uluk-uluk :
”Nuwun sewu ndherek langkung.”
7.    Mlaku ora kena nyeret  utawa ngentebake sikil.
8.    Mlaku ing sisih kiwa.
9.    Mlaku ing dalan ora kena jejer-jejer, kena jejer loro.
10. Manawa mlaku lanang wadon, becike sing wadon  ana ing kiwane  lanang.
11.  Manawa nyabrang ing zebra cross, sing putri dialing-alingi saka arahe
 kendaraan.

12. Mlaku ora kena bengak-bengok.

Rabu, 11 Desember 2013

Asrhabratha

ASTHABRATA

ASTHABRATA kaserat ing Serat Rama Jarwa. Nalika semanten, awit asor ing jurit, Rahwana raja Alengka gugur ing Palagan. Raden Wibisana kaangkat dados Raja Alengka. Ing Pahargyan Rama Wijaya paring pitutur supados Raden Wibisana dados raja ingkang wicaksana, saged dados pangayoming kawula. Pituturing Rama Wijaya ing tembang macapat pangkur, kagambaraken sifating Pangembating Praja kados sifat Bathara Indra, Yamadipati, Surya, Bayu, Kuwera, Brama, Candra, lan Baruna. 
  1. Bathara Indra, Dewaning Jawah. Tansah paring  menapa ingkang dipun betahaken ing alam ndonya, paring kasejahteraan ugi paring jawah ing bumi.
  2. Bathara Yamadipati, Dewaning Panjabut Nyawa ingkang tansah mbasmi sedaya tindak tanduk awon.
  3. Bathara Surya, Dewaninig Surya (Srengenge). Kagungan sifatnya alon, mboten grusa-grusu, sabar, welas asih lan wicaksana.
  4. Bathara Candra, Dewaning kekaleman ingkang tansah tumindak lembut, sumeh lan sabar dumateng sinten kemawon
  5. Bathara Bayu, Dewaning Angin. Ingkang saged mlebet sedaya panggenan. Sedaya kesaenan  saha ingkang piawon saged dipun mangertosi. Saged mangertos sedaya kedadosan lan ugi saged paring katentreman.
  6. Bathara Kuwera, Dewa Kasugihan. Sifatipun ulet makarya angumpulaken bandha donya kangge katentreman lan kacekapan dhumateng sedaya kawula.
  7. Bathara Baruna, Dewaning Samodra. Sifating Samodra saged ngempalaken ilineng toya nanging mboten luber. Saged nampi sedaya kasaenan lan piawon, tansah sabar, kathahing pangetosan, kadosdene jembaripun samodra.
  8. Bathara Brama, Dewaning Geni (Latu). Sifat Geni ingkang saged  mbakar, damel risak menapa kemawon, nanging saged damel pepadhang ing dalu. Bathara Brama saged mbasmi musuh lan sedaya piawon nanging ugi damel pepadhang ingkang nembe pikantuk pacoban.


Homograf

HOMOGRAF
Homograf: tembung kang padha tulisane , nanging beda pocapan lan
 tegese.
Tuladhane:
-          teken: (tanda tangan)/tapak asta,  teken: tongkat
-          lemper: araning panganan, lemper: piranti nyambel
-          cemeng: ireng, cemeng : anak kucing
-          kendel: wani, kendel: leren/ngaso
-          geger: boyok/perangan awak, geger: rame
-          meri:  kepengin, meri: anak bebek
-          gendheng: kanggo payon omah, gendheng: bambung/lokak
-          lempeng: krupuk saka tela, lempeng: lurus/kenceng
-          tegel: jobin, tegel: tega
-          tengen: aran dumununge papan, tengen: gampang tangi  
-          kesed : piranti kanggo nngresiki reged ing sikil/sandhal/sepatu, kesed:
 memengan/wegahan, kesed: resik banget
-          pentil: karet, pentil: bakale woh
-          ketel: peranti kanggo ngliwet/ngroncong sega, ketel: kandel(lebat)
tumrap rambut
-          kepet: piranti tepas-tepas, kepet: perangane swiwi lele, kepet:
-          gedhek: nam-naman saka pring, gedhek: tandha ora sarujuk


Dasanama

DASANAMA
Dasanama (sinonim): tembung kang padha tegese.
Tuladha:
-          tlatah: wilayah, wewengkon, daerah
-          gunung: giri, arga, wukir, ardi, redi, prabata, parwata
-          endah: apik, edi
-          ati: tyas, galih, nala,
-          banyu: warih, toya, her, we, tirta
-          watara: kurang luwih, kirang langkung, kira-kira
-          wanara: kethek, kapi, wre, rewanda
-          sasi: wulan, rembulan, candra, sasadara, sitaresmi
-          wisata: plesir, lelungan seneng-seneng
-          priksa: ngerti, uninga
-          kondhang: kawentar, kasusra, kajanapriya, kaonang-onang,

-          misuwur, kaloka, kontab